Asal Mula Kabupaten Batang dalam Bahasa Jawa
Batang, salah sijine kabupaten kang ana ing Jawa Tengah duweni sejarah. Manut cerita, ing jaman biyen ana kerajaan sing jenenge Kerajaan Mataram Islam. Rajane yaiku Sultan Agung Hanyokrokusumo. Wektu kuwi Sultan Agung lagi nyiapake prajurit-prajurite kanggo nyerang prajurit Belanda ing Jakarta sing biyene arane Batavia. Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan sing jenenge Dipokusumo supaya babat alas Roban, banjur didadekake sawah sakperlu kanggo nyukupi kabutuhan pangane para prajurit sing arep nyerang Batavia. Kamangka ing sakjerone Alas Roban mau akeh para dhedhemit lan sakjinise sing saba ing alas kono. Manut cerita, sing dadi rajane dhedhemit yaiku
Dadungawuk.
Batang, salah sijine kabupaten kang ana ing Jawa Tengah duweni sejarah. Manut cerita, ing jaman biyen ana kerajaan sing jenenge Kerajaan Mataram Islam. Rajane yaiku Sultan Agung Hanyokrokusumo. Wektu kuwi Sultan Agung lagi nyiapake prajurit-prajurite kanggo nyerang prajurit Belanda ing Jakarta sing biyene arane Batavia. Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan sing jenenge Dipokusumo supaya babat alas Roban, banjur didadekake sawah sakperlu kanggo nyukupi kabutuhan pangane para prajurit sing arep nyerang Batavia. Kamangka ing sakjerone Alas Roban mau akeh para dhedhemit lan sakjinise sing saba ing alas kono. Manut cerita, sing dadi rajane dhedhemit yaiku
Dadungawuk.
Dipokusumo lan para prajurite
banjur babat alas roban mau, nanging pagaweyane mau kandheg dening para
dhedhemit mau. Para prajurite Dipokusumo akeh sing mati dadi korbane dhedhemit
mau. Dipokusumo kang ngerteni kahanan sing kaya kuwi dadi bingung arep laporan
dening Sultan Agung amarga pagaweyane ora kasil. Dipokusumo banjur njaluk
pitulungan karo Ki Gede Cempaluk, salah sijining punggawa Mataram sing diukum
dening Sultan Agung amarga dheweke nglakoni salah marang Sultan Agung. Ki Gede
cempaluk saguh ngrewangi pagaweyane Dipokusumo kanggo babat alas amarga
disemayani dening Dipokusumoarep dijalukake pangapura marang Sultan Agung. Ki
Gede Cempaluk banjur ngutus putrane kang duweni jeneng Jaka Bahu kanggo
nglakokaken tugas babat alas mau saperlu arep digawe sawah-sawah, Jaka Bahu banjur
mangkat menyang alas Roban.
Ora beda karo Dipokusumo, Jaka Bahu
kang lagi babat alas dadi kandheg pagaweyane dening dhedhemit sing saba ing
alas kono. Jaka Bahu banjur nglakoni tapa sakperlu pengen ngerteni sebabe para
prajurite akeh sing mati. Ora suwe Jaka Bahu nglakoni tapa, dheweke banjur
ngerti yen sing nyebabake pagaweyane kandheg yaiku Dadungawuk, raja dhedhemit
ing Alas Roban, karo para prajurite. Jaka Bahu banjur perang nglawan Dadungawuk
lan para prajurite. Dadungawuk lan para prajurite kasil dikalahake dening Jaka
Bahu, banjur pagaweyane Jaka Bahu bisa diterusake. ujuane Jaka Bahu babat alas
Roban kuwi sakperlu arep digawe sawah-sawah, mula Jaka Bahu kudu duweni sumber
banyu kanggo ngalirake banyu marang sawah-sawah sing arep digawe mau. Jaka Bahu
banjur nggaawe kedhung kanggo ngalirake banyu. Nanging pagaweyane mau yo duweni
alangan. Banyune ngalire ora tetep, kadhang ngalire cilik kadhang gedhe. Jaka
Bahu banjur nggoleki sebabe banyune mau ngalire ora ajeg. Bareng ngerti sebabe,
jebul sumber mau kaline kadhangan watang sing ambruk ing tengah kedhung. Mula
banyune ngalire ora ajeg. Jaka Bahu banjur nglakoni tapa maneh ing sakpinggire
kali mau supaya bisa entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Sakwise
kuwi Jaka Bahu banjur entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Banjur
pagaweyane nggawe kedhung bisa diterusake. Tlatah ing kono banjur dikenal
kanthi jeneng yaiku Batang, saka kasile Jaka Bahu ngemBat waTang mau. Nanging
alangan ora kandheg. Jaka Bahu nemoni alangan maneh olehe nggawe kedhung.
Jedhung sing wis digawe dening Jaka Bahu bobol. Jaka Bahu rumangsa bingung
amarga dheweke wis kasil olehe nyingkirake watang mau. Banjur apa kang
nyebabake pagaweyane kandheg maneh? Jaka Bahu kepeksa nglakokake tapa maneh
kanggo mangerteni sebabe. Nalika Jaka Bahu rampung tapa, dheweke ngerti yen ing
jero kedhung kuwi mau ana gapura istanane para uling. Sejatine kedhung kuwi
jebul istanane para uling sing rajane jenenge Kala Drubiksa. Kala Drubiksa
seneng gawe geger tumrap uripe manungsa. Jaka Bahu banjur nyebur ing jero
kedhung mateni para uling sing ngrusak kedhung mau.
Kala Drubiksa kaget entuk warta
saka prajurite yen para prajurite akeh sing mati dipateni Jaka Bahu. Kala
Drubiksa ora trima. Kala Drubiksa sing panggonane dirusak karo manungsa tansaya
kobongan jenggot. Dheweke banjur menyat lan tandhang dhewe ngadhepi Jaka Bahu.
Perange Jaka Bahu lan Kala Drubiksa dadi perang sing gedhe amarga loro karone
padha sektine. Ananging Jaka Bahu wis kesel amarga tenagane wis kari sithik
kanggo nglawan para prajurite Kala Drubiksa mau. Jaka Bahu bisa kecekel dening
Kala Drubiksa kanthi digubet nganggo buntute. Jaka Bahu ora kalah pokal, kanthi
tenaga kang wis kari sithik Jaka Bahu bisa ucul saka gubetane Kala Drubiksa.
Jaka Bahu banjur mlayu ninggalake Kala Drubiksa sakperlu golek papan kanggo ndhelik
kanggo mulihake tenagane.
Ana ing papan pandhelikane, Jaka
Bahu ketemu karo Drubiksawati sing jebule adhine Kala Drubiksa. Pancen papan
sing dienggo ndhelik Jaka Bahu mau jebul Taman Kaputrene Drubiksawati. Saka
panyawange Drubiksawati, dheweke banjur thukul rasa katresnan tumrap Jaka Bahu,
Drubiksawati banjur nyedhaki Jaka Bahu banjur loro karone padha kenalan. Mawi
kuwi Jaka Bahu ngerti yen Drubiksawati kuwi adhine Kala Drubiksa sing wis
kebacut tresna marang Jaka Bahu. Ngerti kahanane sing nguntungake Jaka Bahu,
mula Jaka Bahu banjur njaluk tulung marang Drubiksawati golek wadine Kala
Drubiksa kanthi syarat gelem nampa katresnane Drubiksawati. Drubiksawti kang
ora seneng marang tumindhake Kala Drubiksa nyanggupi, nanging Jaka Bahhu ora
kena mateni Kala Drubiksa.
Jaka Bahu banjur dicolongake pedhang
Swedhang kang dadi sumbere tenagane kasektene Kala Drubiksa. Sakwise Jaka Bahu
entuk pedhang swedhang mau, Jaka Bahu banjur mangkat maneh ngrampungake perange
nglawan Kala Drubiksa lan para prajurite sing uga lagi nggoleki Jaka Bahu.
Pancen bener, kanthi pedhang swedhang mau Kala Drubiksa tenan kasil dikalahake
dening Jaka Bahu. Kala Drubiksa banjur mlayu menyang lor alas roban. Jaka Bahu
ngoyak nganti kecekel, sakwise kecekel ing Kali Kramat, Kala Drubiksa banjur
nyerah maranmg Jaka Bahu lan perange loro karone mau kandheg, nanging dadi
rundhingan utawa prajanjen loro karone mau ing Kali Kramat. Kasile rundhingan
mau menawa Kala Drubiksa ora bakal ngganggu maneh tumrape uripe manungsa,
nangingdheweke diwenehi panggonan ing Alas roban sisih lor kango papan uripe.
Kala Drubiksa uga entuk jupuk jatah kanggo uripe saka hasil bumine manungsa,
ananging sithik wae lan ora entuk ana kang mangerteni. Pedhang Swedhang mau
banjur ditancepake ing sakpinggire Kalli Kramat. Wong-wong sing padha ngerti
yen Kala Drubiksa kasil dikalahake dening Jaka Bahu rumangsa seneng, banjur
nganakake syukuran ing dhuwur Kali Kramat.
Kanthi Jaka Bahu bisa ngalahake
Kala Drubiksa, mula kedhung sing lagi dibangun mau kasil dadi. Jaka Bahu uga
kasil olehe babat Alas Roban, mula Alas Roban mau didadekake sawah.
Sawah-sawahmau dadi tlatah kang subur amarga banyu sing ngalir saka kedhung
lancar. Jaka Bahu banjur bali menyang Mataram nglaporake hasile mau dhumateng
Sultan Agung. Sultan Agung rumangsa bungah banget senenge ngerteni pagaweyane Jaka
Bahu mau. Kanggo imbalan, Jaka Bahu didadekake bupati ing Kendal. Nanging
sakdurunge kuwi Jaka Bahu diwenehi tugas maneh karo Sultan Agung. Tugase yaiku
njupuk putri sing jenenge Retno Rantan Sari sing dititipake ing dhusun
Kalisalak. Sultan Agung pengen ndadekake Retno Rantan Sari dadi bojone.jaka
Bahu banjur mangkat menyang dhusun Kalisalak
Tekan panggonane, Jaka Bahu
rumangsa kesengsem karo kaendahan ing sakiwo tengene pangonane Retno Rantan
Sari. Jaka Bahu banjur nemoni Pak Wongso, wong sing dititipi Retno Rantan Sari
lan ngomong yen dheweke diutus dening Sultan Agung sakperlu mboyong Retno
Rantan Sari arep diboyong menyang Mataram. Retno Rantan Sari jebul wong wedok
sing pancen ayu banget ora ana tandhingane. Kanthi ayune kuwi mau Jaka Bahu
banjur kesengsem lan tresno marang Retno Rantan Sari. Semono uga Retno Rantan
Sari, dheweke uga tresna marang Jaka Bahu. Jaka Bahu rumangsa bingung. Menawa
Jaka Bahu mboyong Retno ning Mataram, dheweke ora lila yen Retno Rantan sari
jejeran karo Sultan Agung, nanging saumpama dheweke ora kasil mboyong Retno,
Jaka Bahu wedi menawa Sultan Agung duka. Jaka Bahu banjur bali mennyang omahe
sakperlu njaluk wejange Ki Gede Cempaluk.
Ing ngomah, Ki Gede Cempaluk uga
rumangsa bingung. Dheeke uga ngerteni manahe Jaka Bahu, putrane. Ki Gedhe
Cempaluk banjur nggoleki akal supaya bisa nggolek wong wedok sing ayune padha
karo Retno Rantan Sari, banjur digawa menyang Mataram. Ing dhusun Kalibeluk ana
kenya ayu sing ayune padha Retno Rantan Sari, rupane uga mirip. Ngerteni bab
iku, Ki Gede Cempaluk banjur ngongkon Jaka Bahu lunga menyang Kalibeluk
sakperlu njaluk kenya ayu mau sing jenenge Endang Wuranti. Rupane pancen mirip
tenan. Wong tuwane Endang Wuranti ngijinke, mula Endang Wuranti kasil digawa
dening Jaka Bahu. Endang Wuranti dikongkon nyamar dadi Retno Rantan Sari banjur
digawa menyang Mataram sakperlu diwenehake marang Sultan Agung. Banjur Retno
Rantan Sari bisa kasandhing karo Jaka Bahu dadi bojone. Sultan Agung banjur
ngajak Endang Wuranti lungguh jejer bebarengan ing singgasanane, nanging Endang
Wuranti sing mung wong biyasa banjur semaput. Sultan Agung banjur sulika marang
Jaka Bahu. Sakwise Endang Wuranti sadar, dheweke ditakoni marang Sultan Agung.
Endang Wuranti kang wong biyasa ngandha yen dheweke kuwi dudu Retno Rantan
Sari, nanging Endang Wuranti saka dhusun Kalibeluk, anake wong tukang dodol
serabi. Endang Wuranti ora diiukum dening Sultan Agung banjur dikongkon bali
dening Sultan Agung menyang dhusune.
Sultan Agung duka ngerteni kahanan
kuwi mau. Dheweke rumangsa diapusi, banjur ngongkon Jaka Bahu ngadhep dheweke.
Sakwise kuwi Jaka Bahu disengeni marang Sultan Agung. Jaka Bahu banjur diwenehi
ukuman supaya Jaka Bahu entuk tugas-tugas liyane sing luwih abot tinimbang
tugas babat alas roban lan gawe kedhung ing Kali Kramat. Tugas pisanan yaiku
dheweke diutus babat alas Gambiran, banjur diwenehi tugas-tugas liyane nganti
dianggep cukup kanggo nebus salahe marang Sultan Agung. Kuwi mau critane Jaka
Bahu ing babagan ngrampungake tugas-tugase sing dikongkon dening Sultan Agung
lan kedadeyan-kedadeyan sing dialami karo Retno Rantan Sari. Jaka Bahu dikenal
dening wong-wong kanthi jeneng aran Bahurekso.
dari : sumber
No comments:
Post a Comment